Urip Mono Ora Mung Ijen

Sendhang dadi gegambaran yen alam mono sejatine kaca pengilon tumrap panguripan. (foto : yan)

“Sapa kang rumangsa becik dhewe, apik dhewe, sugih dhewe, kuwasa dhewe, becik sok gelema ngleremake gagasan cipta kang we-ning, yen sejatine isih ana maneh kang kang maha becik, maha apik, maha luhur lan maha kuwasa ing jagad iki.”

Racikan tembung dhuwur iku kapethik saka rubrik sa-nguning urip kang kababar ing lembar Kalatidha edisi minggu iki, kaya becik yen kita ulur apa ta karep lan tegese. Mbokmanawa bisa tinemu lan sithik bisa nambah seserepan.

Kadayan saka nepsu, mbokmanawa dadi bab sing lumrah kalamun saben-saben kita darpe pikiran yen apa-apa ngaku sarwa apik dhewe. Nepsu njurung klawan saben pribadi kanggo tansah ngunggulake dhiri katimbang ing liyan.

Nanging, mesthi wae sipat kang kang mangkono iku datan pantes ing madyaning pasrawungan. Sejene bakal nuduhake kalamun kita minangka pribadi sing kumalungkung, uga bakal malik dadi pager sing sisip sembira bakal akeh ngalang-alangi wong padha nyaket marang kita. Awit bakal ora ngrasakake sreg, utawa malah rumang-sa diremehake.

Mula kanggo nyingkiri kahanan kang kaya mang-kono iku, dudu larangan kita rumangsa apik dhewe. Nanging prayoga sipat kang kaya mangkono iku dikendhaleni, saengga ora gampang ketrucut lan bisa natoni rasane ing liyan. Amarga ing liyan brayan samesthine uga datan se-neng kalamun kita anggep asor lan remeh.

Pitutur ing sanguning urip iku nandhesake yen ta kita kulina utawa gampang nganggep dhiri kita sarwa apik dhewe, sugih dhewe, kuwasa dhewe lan sapanunggalane, kita diprayogakake asring meningake rasa, sarta akeh ngeling-eling kalamun jeneng titah iku datan ana sing sampurna. Apik utawa luhuring titah iku asipat winates, tan ana sing langgeng.

Bisa wae saiki apik dhewe, nangng dina sesuke bakal asor dhewe. Bisa wae saiki manggon ing sugih dhewe, nanging ing liya wektu ora dingerteni kalebu ing kesrakat dhewe. Mang-kono sabanjure. Manungsa mono sarwa datan ma-ngerteni apa wae kang bakal kelakon ing wektu can-dhake.

Mula murih kita datan gampang nanggung wirang awit, apik utawa ala iku sarwa wadi lan embuh kapan bisa kasandhang, becik kita mlaku ing urip kanthi pangati-ati. Tansah mulad kalamun kita urip ing jagad gumelar mono wi-nengku ing urip bebrayan. Kita urip datan amung ijen, nanging manggon ing wewengkon sing kebak pihak sing uga perlu kaajenan. Dikormati lan kaangep ing wibawane. Supaya manis laku urip bebrayan, kita perlu ngendhaleni ubaling nepsu.

Mula ing pitutur mau, pisan maneh kita supaya asring meningake rasa, yen sayekti ana pihak kang maha apik, maha sugih, maha lan maha kuwasa. Tegese apa sing apik ing pihake sarwa langgeng lan tan winates. Nuli sapa kuwi? Tan liya yaiku Gusti Kang Maha Agung. Gusti kang darbe kuwasa tanpa wangenan, jembar, dhuwur, jero lan langgeng.

Murih kita tetep aji minangka perangane bebra-yan, sarta slamet minangka jejering titah. Mula nepsu kang sarwa rumangsa apik dhewe kita peper. Kita kendhaleni. Jalaran sipat iku yen kedawa-dawa a-mung bakal nethel aji kautaman sing mapan ing dhiri kita. Sipat pambeg lan kumalungkung ing weka-sane amung gawe kapitunane kang nyandhang. Sipat sesongaran kang asring ngremehake liyan kayadene ngendhuk blumbang kang bakal ngubur ajining dhiri.

Mula, prayoga kita tansah eling kalamun kita jejering titah ringkih. Kita datan ana tegese kalamun tanpa antuk pitulungan saka Gusti Kang Maha Tunggal. Prayoga meper sipat angkuh, lan nuwuhake sipat andhap a-sor,  mad sinamadan. ***

Sharing is caring!

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *